NYERAT

Soal akan otomatis berpindah

Waktu hingga soal berikutnya: 180 detik

Soal ke-1

꧄ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦩꦿꦃꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦶ꧈ꦩꦥꦤ꧀ꦒꦸꦫꦸꦏꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦱꦏꦧꦠ꧀ꦠꦠꦸꦲꦸꦏꦸꦮꦭꦶꦏ꧀ꦏꦉꦥ꧀ꦥꦺ꧈ꦏꦁꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦫꦸꦲꦸꦤ꧀‌ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦸꦤꦩꦥꦤ꧀ꦏꦶꦩꦸꦫꦶꦢ꧀‌ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦣꦔꦸꦥꦪ꧈ꦩꦫꦶꦁꦏꦾꦲꦶꦒꦸꦫꦸ꧈ꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦲꦶꦏꦶꦥꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫ꧈ꦏꦾꦲꦶꦒꦸꦫꦸꦤꦫꦸꦛꦸꦏ꧀ꦔꦸꦥꦪꦩꦸꦫꦶꦢ꧀‌ꦩꦿꦶꦃꦢꦢꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶꦫ꧉

Soal ke-2

꧄ꦊꦁꦒꦃꦩꦢꦾꦺꦁꦥꦤ꧀ꦝꦥꦱꦁꦲꦗꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦒꦂꦮꦩꦸꦁꦒ꧀ꦮꦶꦁꦲꦶꦁꦣꦣꦩ꧀ꦥꦂ꧈ꦥꦼꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦭꦶꦃꦲꦺ꧈ꦩꦸꦁꦒ꧀ꦮꦶꦁꦔꦂꦱꦱꦁꦦꦿꦧꦸ꧈ꦢꦸꦏ꧀ꦮꦶꦤꦼꦭꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦠꦿꦏꦭꦶꦃ꧈ꦮꦶꦤꦸꦫꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦥꦽꦏꦫ꧈ꦲꦁꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦏꦏꦸꦁ꧈ꦦꦿꦧꦸꦠꦂꦤꦶꦠꦺꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦤꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦧꦺꦴꦢꦺꦤ꧀ꦔꦠꦶꦲꦠꦶ꧈ꦲꦧꦒꦸꦱ꧀ꦭꦏꦶꦤꦶꦫ꧉

Soal ke-3

Sampun telas pitutur sang Kyai
Kekanca dwija ing Kulon Progo
Ing panjangka kekalihe
Sembah sungkem guru
yen tirua pesthi abecik
Aja dumeh bebandha
Sudane pitutur
Ngenthengke saben perkara
Nginakake weda alquran lan injil
Perlambange wong ina

Soal ke-4

Apan uga kena den antepi
lamun ucul ing patang prakara
nora enak legedane
tan wurung tinggal waktu
panganggepe sampun ngengkoki
boya kudu sembahyang pan wus salat ingsun
mbanjur ambuwang sarengat
batal karam nora nganggo den rawati
bubrah sakehing tata