NYERAT
Soal akan otomatis berpindah
Soal ke-1
Bangsa Eropah anggenipun nyumerepi dhateng sesakit wau dugi-dugi ing salebeting taun Mesehi 1300 wiwitipun wonten sakit cacar, inggih punika Tuwan Jener (Jenner) bangsa Eropah, saha ngantos sapriki masih kaangge ing tiyang sadunya, malah jaman sapunika wonten ingkang gadhah pamanggih nacar tiyang ingkang sakit kacokot ing sagawon edan, ugi kathah ingkang lajeng saged saras, nanging ingkang kacacaraken wau tamtu sanes kupok.
Kathah tiyang ingkang sampun pitados dhateng cacaran wau, namung sawatawis tiyang ingkang boten ngrujuki utawi kirang pitados, inggih punika jinisipun tiyang bangsa Kristen, punika lumuh sanget nacaraken anak tuwin kulawarganipun, awit ciptanipun kawaleran dening agami, jalaran ingkang nitahaken utawi nurunaken sesakit dhateng kawula, inggih Gusti Allah, ananging panginten lan cipta ingkang makaten wau sayaktosipun lepat, yen tiyang amastani bilih tiyang nyegah dhateng sesakit punika dosa, sabab dening punapa Gusti Allah aparing kawruh utawi kasagedan dhateng manungsa kangge nyegah sawarnining sesakit, saha wonten ugi sawatawis tiyang ingkang nyipta sanajan sampun kacacar ugi wonten ingkang plenthingen ananging tiyang wau katlompen pamanggih kirang pamarsudi, bilih tiyang ingkang sampun kacacar, kenging ugi yen panyakit punika saged tumunten saras, malah saking pamanggihipun para dhokter sakit punika sanes ehto poken tulen, nanging palsu (valsche).
Wiwit sapisan tiyang kacacaraken, nalika tanggal kaping 14 Mei 1796 ing nagari Engglan dening Tuwan Dhokter Jener.
Soal ke-2
꧋ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶꦩꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦣꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦗꦶꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧈ꦒꦶꦫꦶꦉꦗ꧈ꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶ꧈ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦭ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦠꦮꦶꦱ꧀꧇꧑꧒꧇ꦏꦶꦭꦺꦴꦩꦺꦠꦼꦂꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦛꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦫꦗꦫꦗꦩꦠꦫꦩ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦺꦒꦤꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦒꦸꦁꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧖꧓꧒꧇꧉ꦥꦥꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦸꦩꦸꦏ꧀ꦩꦼꦫꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦗꦶꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶ꧉ꦣꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦗꦶꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦊꦁꦒꦃꦲꦤ꧀ꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦠꦁꦒꦼꦭ꧀ꦗꦮꦧ꧀ꦔꦸꦫꦶꦲꦸꦫꦶꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶꦱꦂꦠꦲꦸꦥꦕꦫꦲꦸꦥꦕꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀꧈
꧋ꦱꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀ꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦧꦧꦢ꧀ꦩꦺꦴꦩꦤꦭꦤ꧀ꦧꦧꦢ꧀ꦢꦶꦁꦱꦁꦏꦭ꧈ꦚꦼꦧꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦒꦸꦁꦥꦫꦶꦁꦣꦮꦸꦃꦲꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦸꦩꦸꦏ꧀ꦩꦼꦫꦏ꧀꧈ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦧꦧꦢ꧀ꦩꦺꦴꦩꦤꦏꦱꦼꦧꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀꧊ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦧꦢ꧀ꦩꦭꦺꦃꦲꦶꦁꦉꦢꦶꦩꦼꦫꦏ꧀ꦧꦣꦺꦲꦤ꧀ꦠꦏꦥꦸꦫ꧊꧉ꦩꦔꦸꦤ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧕꧕꧔꧇ꦱꦏꦲꦸꦠꦮꦶ꧇꧑꧖꧓꧒꧇ꦩꦱꦺꦲꦶ꧉ꦤꦩꦥꦗꦶꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦭꦶꦁꦒꦗꦶꦩꦠ꧀ꦥꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦤꦩ꧀ꦧꦁ꧊ꦲꦤ꧀꧊ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ ꦠꦼꦒꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦗꦶꦩꦠ꧀꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶꦲꦱꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧊ꦲꦶꦩ꧊꧈ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦒ꧈ꦭꦤ꧀꧊ꦒꦶꦫꦶ꧊ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧊ꦉꦢꦶ꧊꧉ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦢꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦺꦒꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦥꦤ꧀ꦢꦸꦤꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦶꦩꦠ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦫꦩ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈
꧋ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦒꦸꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦫꦗꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦱꦫꦺꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶ꧉ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦒꦸꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦭꦸꦭꦸꦲꦸꦂꦭꦤ꧀ꦥꦸꦱꦏꦏꦁꦒꦺꦏꦸꦭꦮꦂꦒꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦫꦩ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦒꦸꦁꦏꦱꦫꦺꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦗꦶꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦩꦒꦶꦫꦶꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧖꧔꧖꧇꧈ꦥꦫꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦠ꧀ꦱꦲꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦏꦱꦸꦤꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦸꦫꦏꦂꦠꦭꦤ꧀ꦏꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦲꦏꦼꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦔꦿꦸꦩꦠ꧀ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀꧈